Rabu, 22 Desember 2010

KUMPULAN CERITA PENDEK (CERKAK) BAHASA JAWA

MALING


Nalika sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.

“Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta?” pitakoku mantebke.

“Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, “wangsulane tegas.

“Wiwit cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa dhuwite embokne?”

“Yen pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?”

“Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti.”

“Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon, lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.

Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.

Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit,” wangsulane karo ngguyu nggleges. “Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha.” Lan aku uga melu ngguyu.

Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang.

Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne, Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.

Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani bebrayane desa.

Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.

1 komentar:

hendra aldi prasetiyo mengatakan...

Kiriman anda sangat membantu saya

Poskan Komentar